Minggu, 17 Januari 2016

wulang reh pocung


PUPUH  IX
                                                          P U C U N G



01         Kamulane kaluwak nonomanipun, Pan dadi satunggal, pucung aranira ugi, yen wus tuwa kaluwake pisah-pisah.
 Pada waktu muda, buah kluwak meyatu dan namanya pucung, jika sudah tua, kluwak tersebut terpisah
02         Den budiya kapriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpule kaya nomeki, anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga. 
Bagaimanapun juga, usahakan jangansampai berpisah, bersatunya seperti masa muda, muda menyatu ketika tua pun sebaiknya menyatu
03         Aja kaya kaluwak duk anom, kumpul bisa wus atuwa, ting salebar siji-siji, nora wurung dadi bumbu pindhang lulang.
 Jangan seperti kluwak, ketika masih muda menyatu, namun ketika tua masing-masing menyebar, akhirnya hanya sebagai bumbu pindang
04         Wong sadulur nadyan sanak dipunruntut, aja kongsi pisah, ing samubarang karyeki, yen arukun dinulu teka prayoga.
Persaudaraan itu,meskipun dengan sudara jauh harus ruku, jangan sampai terpisah dalam segala hal. Jika hidup rukun akan baik dilihat orang
05         Abot enteng wong sugih sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun yen sabiyantu ing karsa
 Banyak sudara memang ada berat dan ada juga ringannya. Ringan bila masing-masing pikirannya terpisah, adapun beratnya jika (kita) membantu segala hal
06         Luwih bakuh wong sugih sanak sadulur, ji – tus tadhingira, yen golong sabarang pikir, becik uga lan wong kang tan duwe sanak
Lebih kokoh jika banyak saudara, satu berbanding seratus jika bersatu hati, lebih baik dibadingkan tidak memiliki saudara
07         Lamun bener lan pinter pamomonganipun, kang ginawa tuwa, aja nganggo abot sisih, dipun sabar pamengku mring santana.
Jika benar dan pandai memperlakukannya. Yang merasa dituakan jangan berat sebelah, harus berlaku seimbang terhadap kerabat dan bawahan
08         Pan ewuh wong tinitah dadi asepuh, tan kena ginampang, mring sadulurira ugi, tuwa nenom aja beda traping karya.
Memang repot jika dituakan, tidak boleh menganggap gampang kepada saudara. Jangan membedakan perintah, baik kepada yang muda maupun kepada yang tua
09         Kang saregep kalawan ingkang malincur, iku kawruh ana, sira alema kang becik, ingkang malincur den age bendanana.
 Yang rajin dan yang malas harus kau ketahui. Pujilah ia yang rajin, sedangkan yang malas, segera marahilah
10         Yen tan mantun binendonan nggone malincur, nuli patrapana, sapantese lan dosaning, kang santosa dimene dadi tuladha.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar