Minggu, 17 Januari 2016

menulis


Rugine nganggo ijazah palsu


Ijazah palsu yaiku ijazah sing boten sah utawa boten resmi ana ing dhinas Pendidikan, lan ijazah palsu kuwi ora isa kanggo ndaftar pegaweyan utawa ndaftar sekolah sing lewih dhuwur meneh. Nanging ana ing tengah-tengah akehe uwong sing dadi pegawe, ndadekake uwong sing ora duwe ijazah saka sekolah dhuwur utawa ora duweni akal-akalan sing ora becik yaiku sebageyan uwong mrentah oknum nggawe ijazah palsu kuwi. Ijazah palsu kuwi biyasane digunakake kanggo ndaftar pegaweyan swasta utawa pegawe negri.Biyasane, sing nggunakake ijazah palsu kuwi uwong sugih sebabe ndaftar dhiri kanggo ijazah palsu kuwi mbutuhake duwit sing ora setitihik. Miturute buku “penelitian dan penilaian pendidikan” mbahas babagan ijazah kuwi pancen kerep sangkut paute karo pendidikan. Prof.Sugiyono maparake yen ijazah kuwi ana sangkut paute karo pendidikan lan sekolah. Yen kita kepengin nduweni ijazah sing duwur kita uga nglanjutake sekolah duwur, nanging ana ing jaman modern iki akeh kalangan masyarakat negri Indonesia sing lewih milih nganggo dalan sing salah, lan ora mikirake resikone ndaftar pegaweyan nggunakake ijazah sing palsu, Prof. Sugiyono uga njlentrehake yen para generasi mudha kudu lewih nduweni pemikiran sing jero kanggo masa depan awake dhewe lan masa depan negri Indonesia. Ora amung kuwi pangerten sing dijlentrehake dening Prof. Sugiyono uga menehi peraturan kang sapa uwonge sing wani-wani nglanggar peraturan kuwi bakale kejerat UU pasal 12 Taun 2012 sing isine kuwi babagan pendidikan sekolah dhuwur, nyikapi lan nindak lanjuti masalah kuwi akeh sing kudu digatekake, saka bageyan menejemen pendidikan nganti praktek oknum sing ora ana tanggung jawabe. Ana meneh sumber saka buku “Dasar evaluasi” saka Prof. Dr. Suharsimi Arikunto uga ora kalah menarik njlentrehake babagan pendidikan, nanging teori iki dikembangake dadi mendasar lan isa kanggo bahan evaluasi saka para pendidik, pengajar, lan pemulangan ana ing jero kelas. Diwiwiti babagan evaluasi, sampun cetha lan sampun jangkep masalah ijazah kuwi pancen kudu ditindak lanjuti, sebabe kabeh kuwi mau nduweni resiko sing ora setithik, resiko kuwi salah sijine yaiku para pegawe sing nyambut gawe ana pegawean negri utawa pegawe perusahaan kuwi mau bakal di pecat, sebabe kabeh dokumen sing kanggo bahan dasar syarate nyambut gawe ijazah palsu lan ora duwe salah sijine dokumen asli saka riwaya pendidikane kabeh kuwi mau bakal ditindak lanjuti dening pemerintah. Ana UU sing mbahas babagan aturan. Ijazah sing kudune digunakake kanggo kepentingan sing becik lan ora di salah gunakake. Ana ing babagan iki di terangake yen pendidik kudu lewih isa mbentengi awak kanggo njaga hal-hal sing nyimpang saka peraturan. Khususe saka kasus sing uwis rame dadi bahan omong ana ing tengah-tengah masyarakat Indonesia. Babagan iki di jlentrehake ana ing UU pasal 28 ayat 4. Masyarakat Indonesia kudune lewih isa milah milih dalan sing kanggo nemtokake masa depan bangsa lan dhirine dhewe. Ora kabeh dalan sing nglibatake oknum kuwi isa ngrampungke masalah pendidikan apa meneh masalah pegaweyan. Yen kepengin ndweni ijazah sing asli, kita uga sekolah nganti lulusan ing perguruan tinggi lan isa nduweni ijazah sing asli saka pendidikane dhewe, ora saka ndaftarake dhiri ana oknum njaluk digaweake ijazah ning palsu. Ana sumber saka Dr. Ibrahim yen uga njlentrehake babagan Ijazah palsu ana ing kalangan pendidik lan uwis akeh sing pada nggunakake ijazah palsu kuwi. Ana ing babagan iki di terangake yen pendidik kudu lewih isa mbentengi awak kanggo njaga hal-hal sing nyimpang saka peraturan. Khususe saka kasus sing uwis rame dadi bahan omong ana ing tengah-tengah masyarakat Indonesia, Dr. Ibrahim uga menehi peraturan kanggo kabeh uwong sing nglanggar aturan pendidikan lan menehi sanksi kanggo kabeh sapa uwong sing wani-wani dolanan karo ijazah palsu sing digunakake kanggo ndaftar pegaweyan kuwi mau. Ijazah kuwi diwenehi karo lulusan sing pancen bener-bener lulus ana sekolah akademik utawa non-akademik. Aturan kabeh kuwi mau uwis jelas yen masyarakat lan khususe pendidik kudu lewih teliti lan mawas dhiri. Aja wani coba-coba mlebu ana ing oknum sing biyasa nyetak ijazah palsu kuwi, sebab, uwis akeh contoh sing di britakake ana ing media masa ana Koran lan tv. Ora mung oknum sing bakale di ukum akibat pekerjaane sing ora becik lan nyalahi peraturan negri Indonesia. Dr. Ibrahim uga nduweni saran yen ora kepingin kena kasus ana ing media masa kuwi, kita uga kudu isa mbrantas sapa wae uwonge sing wani-wani nyoba hal sing paling nyalahi aturan ana ing dunia pendidikan. Lan kita uga isa nduweni gelar saka sekolah ana ing Universitas, yen kita kepengin nduweni gelar sing duwur lan gampang golek pegaweyan. Kita uga isa sekolah non-akademik lan nduweni gelar jurusan sing sesuai karo bakat dhirine dhewe. Ora perlu ngangsah lan nelangsa nyikapi kabeh masalah sing ana ing dunia pendidikan. Uwis akeh tindakan pemerentah sing ngusahani mbasmi oknum-oknum sing ora tanggung jawab kuwi, ana pasal 42 ayat 2 sing ana hubungane karo pendidikan lan sekolah lan khususe ijazah kuwi bakale kena sanksi pidana, yen sapa uwonge ora isa nyanggupi mbayar pidana sing uwis ditentuake karo pemerentah, gelem ora gelem uwong kuwi mau sing dadi oknum ijazah palsu kudu nyerahake dhiri mlebu ana ing njero penjara. Ora mung saka bageyan buku sing isa njlentrehake babagan ijazah palsu kabeh kuwi. Ana internet uga njlentrehake babagan dunia pendidikan lan ana sangkut paute karo ijazah, yaiku miturute “Asas Legalitas Ijazah Perguruan Tinggi”. Ana ing babagan iki uwis jelas yen bakal dijelasake kabeh masalah-masalah utawa penyimpangan sing dilakoni masyarakat Indonesia kanggo mbahas Ijazah palsu kuwi, salah sijine yaiku pengelola ana ing perguruan tinggi uga njlentrehake yen kita wajib nindak lanjuti kabeh penyimpangan sing ana ing dunia pendidikan. Ana ing dhinas pendidikan nyebutake yen pendidikan kuwi penting kanggo masa depan lan uwis lumrah kanggo sapa wae sing nerusake sekolah, yen ana perkara ijazah palsu kuwi, amarga salah sijine uwong sing ora isa bijaksana lan nduweni tingkah laku ora adil ana ing dunia pendidikan. Sumber saka media sosial sing uga njlentrehake yen para uwong-uwong sing nduweni dhuwit akeh lan isa nglakonake apa wae kepenginane iku isa kuwasa lan isa mbayar larang ijazah palsu, ning apa kabeh kudu nganggo dhuwit yen kepinteran kuwi isa digoleki nganggo prestasi akademik, ana ing sumber liyane yen sing uwis disebutake contoh ana ing duwur iku kabeh ana sangkut paute kaliyan pendidikan lan ijazah. Pangertenan pendidikan kuwi ndadikake negri Indonesia ana perkembangane lan isa ngembangake dhiri sing taksih dereng sae. Ana sumber ing internet miturut bapak Plato, pendidikan kuwi proses sing dilakonake seumure urip lan sing di wiwiti saka lair kanti mati. Sing nggawe semangat mujudake warga Indonesia sing isa patuh lan dadi pemimpin sing bener. Bapak Plato menehi yen ilmu pendidikan kuwi ora mung mbahas babagan pendidikan, nanging isa kanggo nyiapake tingkah laku sing becik. Lan isa mbentuk karakter bangsa sing isa gawe bangga negri Indonesia lan boten kalah kaliyan negri luar. Kabeh uwong supaya isa nerusake pendidikan kanti rampung, tujuane isa kanggo nglindungi negri. Kabeh kuwi dirumusake dening “Dictionary Reference”. Kanggo isa menehi pengetahuan sing umum lan pengetahuan dhasar pendidikan. Uwis kudune masyarakat Indonesia uwis mikirake kemajuan negri Indonesia sing dadi generasi penerus bangsa. Lan pendidikan kuwi ora ana rugine yen isa diterapake kanggo hal-hal sing becik lan isa gawe uwong pinter lan isa ngembangake ana ing sekolah-sekolahan. Wiwitan saka bocah-bocah sing disekolahake uwong tuwane saka TK, sekolah dhasar lan sekolah nengah kuwi isa kanggo kekuawatan ana ing negri Indonesia iki lan kabeh kuwi dadi bageyan peneruse bangsa sing isa gawe bangga masyarakat. Ijazah palsu yaiku ijazah sing boten sah utawa boten resmi ana ing dhinas Pendidikan, lan ijazah palsu kuwi ora isa kanggo ndaftar pegaweyan utawa ndaftar sekolah sing lewih dhuwur meneh. Nanging ana ing tengah-tengah akehe uwong sing dadi pegawe, ndadekake uwong sing ora duwe ijazah saka sekolah dhuwur utawa ora duweni akal-akalan sing ora becik yaiku sebageyan uwong mrentah oknum nggawe ijazah palsu kuwi. Ijazah palsu kuwi biyasane digunakake kanggo ndaftar pegaweyan swasta utawa pegawe negri.Biyasane, sing nggunakake ijazah palsu kuwi uwong sugih sebabe ndaftar dhiri kanggo ijazah palsu kuwi mbutuhake duwit sing ora setitihik. Miturute buku “penelitian dan penilaian pendidikan” mbahas babagan ijazah kuwi pancen kerep sangkut paute karo pendidikan. Diwiwiti babagan evaluasi, sampun cetha lan sampun jangkep masalah ijazah kuwi pancen kudu ditindak lanjuti, sebabe kabeh kuwi mau nduweni resiko sing ora setithik, resiko kuwi salah sijine yaiku para pegawe sing nyambut gawe ana pegawean negri utawa pegawe perusahaan kuwi mau bakal di pecat, sebabe kabeh dokumen sing kanggo bahan dasar syarate nyambut gawe ijazah palsu lan ora duwe salah sijine dokumen asli saka riwaya pendidikane kabeh kuwi mau bakal ditindak lanjuti dening pemerintah. Ana ing babagan iki di terangake yen pendidik kudu lewih isa mbentengi awak kanggo njaga hal-hal sing nyimpang saka peraturan. Khususe saka kasus sing uwis rame dadi bahan omong ana ing tengah-tengah masyarakat Indonesia. Ijazah sing kudune digunakake kanggo kepentingan sing becik lan ora di salah gunakake. Ana ing babagan iki di terangake yen pendidik kudu lewih isa mbentengi awak kanggo njaga hal-hal sing nyimpang saka peraturan. Khususe saka kasus sing uwis rame dadi bahan omong ana ing tengah-tengah masyarakat Indonesia. Ana internet uga njlentrehake babagan dunia pendidikan lan ana sangkut paute karo ijazah, yaiku miturute “Asas Legalitas Ijazah Perguruan Tinggi”. Ana ing babagan iki uwis jelas yen bakal dijelasake kabeh masalah-masalah utawa penyimpangan sing dilakoni masyarakat Indonesia kanggo mbahas Ijazah palsu kuwi, salah sijine yaiku pengelola ana ing perguruan tinggi uga njlentrehake yen kita wajib nindak lanjuti kabeh penyimpangan sing ana ing dunia pendidikan. Ana ing dhinas pendidikan nyebutake yen pendidikan kuwi penting kanggo masa depan lan uwis lumrah kanggo sapa wae sing nerusake sekolah, yen ana perkara ijazah palsu kuwi, amarga salah sijine uwong sing ora isa bijaksana lan nduweni tingkah laku ora adil ana ing dunia pendidikan. Sumber saka media sosial sing uga njlentrehake yen para uwong-uwong sing nduweni dhuwit akeh lan isa nglakonake apa wae kepenginane iku isa kuwasa lan isa mbayar larang ijazah palsu, ning apa kabeh kudu nganggo dhuwit yen kepinteran kuwi isa digoleki nganggo prestasi akademik.
DaftarPustaka :
Prof. Sugiyono. 2002. Penelitian dan penilaian pendidikan. Jakarta: Rineka Cipta
Prof. Dr. Arisimi Arikunto. 2001. Dasar evaluasi. Jakarta: Dirjen Dikti
Dr. Ibrahim. 2002. Asas legalitas perguruan tinggi. Jakarta: Depdiknas

Tidak ada komentar:

Posting Komentar