Minggu, 17 Januari 2016

geguritan biyung




Ibuku…
Bu, Suminar sing dak waca ana ing watu
Ngenani Ngenani ayuning pasuryan ibuku
Ana garis werna saja pasuryan ibu
Nyritakake jaman lugu awujud lagu

Ibu…
Pasuryanmu…
Nalika ing padharanmu aku tau turu
Nganti aku nesep susu
Dadi getih ana ing awakku
Piwalesku amung donga nganti kagawa impenku

Ibu…
Maturnuwun ibu…
Pasuryan ibuku…


Yen celathune karo sumeleh
Loma marang wong akeh
Saben nyawa mesthi oleh
Sanajan naming lah leh lah leh
Wong cilik isih padha ngranggeh
Nalika klewat ora diweneh


Wit katresnan ing taman asmara kuwi
Sing kapupuk kanthi sabar
Kok siram kanthi pepasihan
Subur sumebar kanthi wiyar
Hanggandha sekar-sekar
Kebak jroning kalbu
Saksana kumleyang ing langit biru
Kekancan para widadari
Kapapak para bathari
Gumelar endahing kataman asmara
Kasorot sunare rembulan lan lintang
            Umadakan prepet-prepet
Kaaling-alingi mendhung petheng
            Nalika lintang ninggalake langit
            Nalika Sampe ninggalake Ingtai
            Sanalika ambruk witing katresnan
Cacat pangangen-angenku
Luntur kesapu cidra
Alum kembang gegadhanganku
Kejeron...
Wus kedarung anggonku ndhudhuk
Jebul tresnaku cubluk
Amung wektu
Kang bisa nambani tatu
Pancen kejeron

Tidak ada komentar:

Posting Komentar