Minggu, 17 Januari 2016

geguritan lagu



Rikala kowe ngerti
Tresnaku iki ndadekna kowe ana ing dongaku
Aku ngerteni nek angel
Dadi apa sing kowe karepke
Tak pasrahna atiku
Supaya takdir sing jawab
Nek aku udu jodhomu
Aku tak mandheg ngarepake awakmu
Nek aku pancen dak cipta kanggo awakmu
Aku bakal nduweni awakmu



Gumrojoge banyu sumber
Mili liwat bumbung menyang kalenan
Keprungu saka kadohan

Manuk-manuk kang nyusuh
Ana wit kokosan pating cruwit
Ngantu biyunge kang golek pangan

Prenjak pating cruwet
Sedhela ing ndhuwur wit waru
Sedhela maneh bablas kekitrang sandhuwure wit meh

Nanging awak iki tansah ajeg ing kene
Nunggu sliramu
Tanpa pindah papan

Setya marang sliramu
Setya marang janji suci kita
Kang kaucap nalika semana

Disekseni lintang lan wulan
Aku kang tansah setya
Nglipur ati iki tanpa ana kanca



Wis rong taun kepungkur sliramu lan aku nate ning alun-alun kene
Saklawase wus ora tau ketemu maneh
Sliramu lan sliraku wus beda
Aruming gandha mangambar-ambar ana ing pangangenku

Wus aja bok tangisi lakon kang wus kapungkur
Wus wayah padelikur sasi nganti tak antu-antu
Ing alun-alun rong taun kepungkur
Ana carita talining asmara kang endah

Kala sliramu sih ana ing jero impenku
Sawangen ing dhuwur kae
Ana teja manther ing sela-selaning gegodhongan
Mencorong lintang sing katon menir
Saiki sliramu ana ing linambaran rasa pangangen-angenku..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar