Minggu, 17 Januari 2016

geguritan jepara


1.       JEPARA
                                                                                    
Wus cetha anggone enthuk kanugrahan
Pratandha Jepara bakal sumunar ning nagara manca
Sumilir angina nggawa pawarta gumbira
Jepara bakal mijil trahing kusumaning bangsa

Jepara…
Wiwit dina iki lan sateruse bakal mangambar-ambar ing jagad
Akih baraya gung seneng marang Jepara
Delengen kae akih nyebut Jepara
Jepara wus kondhang tlatah ukiran
Maneka warna papan wisata kang endah
Akih taduran sing ijo raya-raya

Jepara…
Wus dadi kersaning Gusti Kang Murbeng Titah
Jepara pancen wis kondang saka manca
Mugiya dadi Jepara sing arum ing rat

2. KARTINI


Kartini …
Sliramu pancen ngambar-ambar ing rat
Bebasan ana mijile suket bae padha krungu
Baraya gung seneng nyebut asmamu
Asmamu pancen kusumaning bangsa
Mangambar-ambar marang sasamaning wanodya

Kartini… Kartini… Kartini…
Sliramu pancen kusumaning bangsa
Saka labuh labetmu iki
Saiki wus akih wanodya sing bisa dadi pusaraning praja
Para wanita asipat makarya lumrahing priya
Ora tan beda priya lan wanita ing babagan pakaryan lan kalungguhan

Kartini…
Sanadyan sliramu wis kondur marang manembah
Asmamu tetep mangambar-ambar
Asmamu tan bakal kapangan jaman
Mung dongaku, muga sliramu antuk nugrahaning Gusti Kang Maha Mirah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar