Minggu, 17 Januari 2016

geguritan


1. WIFI 

Ngelembreh ana ing plester saben panggonan
Jejer-jejer pating tlungkup nggawani gelaran
Laptop kangsrah ora diwenehi lambaran
Jajan lan wedang ora ketinggalan
Demi nggarap tugas tak golet panggon wifinan
Merga dhuwitku gari sewunan
Mendhing golek sing gratisan
Daripada akir wulan ora mangan




Ngaranmu sapa sing ora ngerti
Rupamu ana ing kabeh tipi
Bodo!! Gawe bodo!!
Jareku ning ati
Gawe adhiku sinaune ora gemathi
Nanging rejeki sapa sing ngerti?
Saiki aku dadi kacung selebriti
Kanggo ngempani bojo lan adhi



Manuk biru ana ing hape jaman saiki, twitter jarene
Dhik, ndang sembahyang
Mangkono surasane “mention-mu”
Ing pikiranku akeh pitakonan
Walah mas, soleh tenan ngemutake aku sembahyang
Ora langsung nanging bisa gawe awakku jempalitan
Mbuh aku sakjane seneng karo wonge utawa tulisan
Nanging aku saiki dadi rajin twitteran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar