Minggu, 17 Januari 2016

Geguritan Mahasiswa




Ayam kluruk kanthi telak garing
Wong pasaran kanthi padha bubar
Bakul Koran kanthi ora ana mbalangnane
Aku turu…
Aku ngimpi…
Aku orak rasa apa-apa…
Lali wektu..
Beda meneh nek kurangen sangu
Ibuku nomer siji
Nanging jengkel nek ditakoni skripsi
Aku jane sapa?
Pengangguran dibayar apa mahasiswa?
Duh ibu…
Nuwun sewu.


2.      TEORI MAHASISWA


HIDUP MAHASISWA!!! HIDUP MAHASISWA!!!
Saka kamar kosku sing ambane 3x4 ana swara rame-rame
Ora ndang tangi, kupingku selak tak kubur karo bantal
Mahasiswa… Mahasiswa…
IPK apik nanging ora aktif ing organisasi
Aktif organisasi nanging ora duwe pacar
Duwe pacar nanging IPK ala
Aktif organisasi nanging ipk ala
Aku kudu kepiye, bantal?
Organisasi rapat saben wengi, saben dina
Tugas gemlidir saben kuliyah, saben dina
Turuku kapan?
Dolanku kapan?
Rapat wae uwis kaya anggota DPR
Tugas wae nek ora digarap uwis kayah amlebu kobongan geni
Jarene dosenku “kudu seimbang cah”
Seimbang rekasane
Ha haha…
Aku tak nyikep guling wae
Ben sing padha bengak-bengok neruske
Kanthi lambene kesel dhewek


Toga lan klambi ireng
Mesem sumringah saka endi bae
Nek weruh aku dadi sarjana
Ijasah uwis neng tanganku
Dak peres piker lan tenagaku
Kanggo nyenengake bapak biyungku
Nanging kanggo kowe kembang njroning ati
Kapan nusul dadi sarjana?
Kaya awakku saiki

Tidak ada komentar:

Posting Komentar