Minggu, 17 Januari 2016

geguritan biyung




Ibuku…
Bu, Suminar sing dak waca ana ing watu
Ngenani Ngenani ayuning pasuryan ibuku
Ana garis werna saja pasuryan ibu
Nyritakake jaman lugu awujud lagu

Ibu…
Pasuryanmu…
Nalika ing padharanmu aku tau turu
Nganti aku nesep susu
Dadi getih ana ing awakku
Piwalesku amung donga nganti kagawa impenku

Ibu…
Maturnuwun ibu…
Pasuryan ibuku…


Yen celathune karo sumeleh
Loma marang wong akeh
Saben nyawa mesthi oleh
Sanajan naming lah leh lah leh
Wong cilik isih padha ngranggeh
Nalika klewat ora diweneh


Wit katresnan ing taman asmara kuwi
Sing kapupuk kanthi sabar
Kok siram kanthi pepasihan
Subur sumebar kanthi wiyar
Hanggandha sekar-sekar
Kebak jroning kalbu
Saksana kumleyang ing langit biru
Kekancan para widadari
Kapapak para bathari
Gumelar endahing kataman asmara
Kasorot sunare rembulan lan lintang
            Umadakan prepet-prepet
Kaaling-alingi mendhung petheng
            Nalika lintang ninggalake langit
            Nalika Sampe ninggalake Ingtai
            Sanalika ambruk witing katresnan
Cacat pangangen-angenku
Luntur kesapu cidra
Alum kembang gegadhanganku
Kejeron...
Wus kedarung anggonku ndhudhuk
Jebul tresnaku cubluk
Amung wektu
Kang bisa nambani tatu
Pancen kejeron

naskah drama Roro jonggrang berbahasa jawa


naskah drama Roro Jonggrang (bahasa jawa)



Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana wedokan kang ditinggal karo bojone . Dheweke urip karo anake , sing jenenge Bandung.

Bandung     Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi kula lan panjenengan mung    
                    manggon teng perkampungan endah niki tiang kaleh mawon.”
Ibu              Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng ana kowe nang kene.Awak         dewe uwis urip kecukupanseneng tanpa ana sing ganggu,arep njaluk    sing piye maneh ibu iki.”
Bandung     ya mbok menawi ibu kersa duweni rama damel kula.”
Ibu              : (mesem ngguyu) Kowe ki ngomong opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip    janda kaya ngene sing penting ibu duwe kowe(Jare ibune banjur     nyayang anake).
Bandung     Lho, saestu Bu.
Ibu              :Sakjane lakyo kowe sing patut tak takoni koyo ngono kuwi anakku.     Kowe iku wis gede, moso kowe arep dewean wae.
Bandung: (mesem)Ah, menawi kula, boten usah di pikir bu.          Saktemene kula    ajeng tanglet kalih ibu, Nanging kula boten         kepenak,Bu.
Ibu              Kowe arep takon opo?Kok nganggo ora kepenak barang. Aku iki        ibumu opo dudu. Arep takon opo to Le?
Bandung     Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula menika sinten? Ngantos   sakniki kok kula taksih bingung.
Bandung     Bu,kok mendhel mawon? Wonten penggalih menopo to bu?
Ibu              Anakku Bandung (ngelus pundake Bandung). Sajake iki wektu sing     pantes. Kowe saiki wis gede,  ibu ora wedi maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,kowe mesti iso ngerteni iki.
Bandung     : “Ana apa,Bu?
Ibu              Bapakmu kuwi sakjane bangsawan ing tlatah adoh kono.
Bandung     : “dados bapak tasik sugeng bu?
Ibu              Yen kowe pancen pengen nemoni Ramamu, yo ora opo-opo.     Golekana Ramamu kuwi,nanging ibu mung iso pesen. Rungokno          pesen – pesen ibu iki.”
Bandung     : “inggih, Bu.
Ibu              Ibu mung iso dongakake apa sing kowe karepake bakal tok temu.        Lek wis kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile ramamu kanggo tanda        kahormatan. Ing jabakono, pasti akeh wong asing sing bakal kok           temui lan kabeh pasti nduwe niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan     sing isok dipercaya . Ojo seneng adu otot anakku, iku ora apik. Ojo waton tumindak ing kono, ora liyo kanggo njaga keslametanmu           dhewe.
Bandung     Inggih,Bu.
Ibu              Lan siji meneh amanatku (mlebu ing kamar, metu lan nggawa     selendang warna abang). Gawaen selendang iki supaya Ramamu          percaya yen kowe iku anake.”
Bandung     : “matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu menawi kula ngembara.  
                   Menapa ibu aman gesang piyambakan ing bumi ingkang boten temtu
                   niki .”
Ibu              : “ Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung iso nyangoni slamet yoanakku sing tak tresnani.
Menika Bandung budal ngembara. Lan dheweke teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo para abdi dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi dalem. Banjur Bandung nemoni  Jin Bondowoso.
Jin               :” Sampean sapa?”
Bandung     :”Aku Bandung”
Jin               : “ Ono kaperluan opo sampean mrene.”
Bandung     : “Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe isok bantu aku nggoleki  
                    Ramaku?”
Jin               :”Wani piro?”
Bandung     : “Yen aku wis dadi raja ing Pengging kowe isok njaluk opo wae sing                          kowe karepake.”
Jin               :”Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi tigo panyuwunan.”
Bandung     :” sing kasiji aku pengen nemoni Ramaku.”
Jin               :”Oke” (ngilang)
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso , akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng Bondowoso. Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso ngabulake panyuwunane  Bandung Bodowoso. Deweke banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso saiki dadi sombong lan serakah.  Dheweke pingin nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan. Dheweke pingin perang karo Prabu Boko, rajane Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih   Gupala perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowosonggawe  panjalukan sing keloro marang Jin Bondowoso ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala Slamet . Patih Gupala muleh  karo ngetokake getih lan kelaran.   
Patih Gupala        : Nyuwun sewu Putri.
Jonggrang             Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali saka peperangan, ana                         ngendi Ramaku?
Patih Gupala        (menundukkan kepala dan menyembah)Nyuwun sewu                                    Roro. (mikir-mikir)Prabu Boko…
Jonggrang             : Rama!?Ana apa karo Rama?Opo panjenengan duwe kabar                             sing ora ke penak Patih?
Patih Gupala        Inggih Roro.
Jonggrang             Ana ngendi Ramaku?”(bingung lan arep nangis)."Cerita                      karo aku Patih..pundi ramaku?
Patih Gupala        : Prabu Boko gugur ing peperangan menika, Roro.
Jonggrang             : HA? Apa bener ngendikanmu kuwi. Opo panjenengan boten                          Goroh Patih?
Patih Gupala        : Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi piyambak, Bandung                     Bondowoso nusukkaken kerisipun.
Jonggrang             : Rama…(nangis)”
          Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung Bondowoso teka ing ngarepe Rara Jonggrang. Bandung banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe  iku?Apa selire Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung               :” (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe duh cah ayu?
Jonggrang             : Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?
Bandung               : Hahaha…Sopo aku? Opo kowe ora ngenali aku, raja ing                      Kerajaan Pengging, lan saiki sing duweni kerajaan sing gede                     iki (ngomong karo sombong), Bondowoso. Hahaha..Ayu                     tenan           koweApa kowe gelem dak dadekake garwaku!
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban apa.
Jonggrang             :(mbatin)Bandung iku wong sing sekti.Ra mungkin aku wani nolak. Nanging atiku ora tresna. Kenal wae durung, kok njaluk aku dadi bojone. Penak tenan. Saya maneh, uwong iki sing gawe aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung: ”HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng kok. Kena apa kowe ora gelem?    
                  Opo kowe isin karo aku?Hem?(karo nggoda)
Jonggrang   :”Wah.Apa sing arep aku lakokake.Aku mumet.
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang   Ngene wae, yen kowe pancen pengen duweni aku, syarate sitik-sitik           wae.Gawekno 1000 candi ing wektu sakmalem. Yen kowe kasil, aku       gelem tok pek bojo.
Bandung     Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan tenan kok!!Sewu candi   wektu sewengni?10 candi wae, apa mending kowe njaluk syarat     liyane. Sekarepmulah..Moso kon gawe 1000 candi.Arep tok nggo   ngopo candi iku.
Jonggrang   : Kula tetep pengen digawekke sewu candii. Iku          panjalukku.buktekno yen kowe tresna aku Bandung.
Bandung     Wis, sakiki ngene wae. Pase,njalukmu piro?
Jonggrang   Aku nyuwun sewu candi!! (karo arep nglungani)
Bandung     Yowes..yo wes..Aja mutung to! Kanggo buktekake tresna ku karo    
                     kowebakal tak gawekake sewu candi.(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing terakhir.
Bandung     :”jin, aku isik nduwe panyuwunan sing terakhir kan?”
Jin               :”iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?”
Bandung     :”aku njlauk tulung digaweake 1000 candi.”
Jin               :”wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau urusanku karo kowe wis  
                    mari,dadi aku ora pingin bantu kowe maneh.”
Jonggrang Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe candi okehe semono.
Dayang La kepripun to Putri. Bandung menika lak nggeh tiyang sekti to Putri,
                 miterat pamikir kula, kok panyuwun panjenengan, bisa di tepati. La
                 wong samenika taksih jam kalih,anggenipun bangun candi sampun
                 badhe kelar to Putri.
Jonggrang La terus apa sing kudu tak  lakokake.aku ora gelem rabi karo
                     Bandung.
Dayang Lajeng kepripun?
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung tangekake kabeh rakyat
                    Prambanan, kongkon wong wadon numbuk parilan bakayajerami.
                    Sing ana ing kandange pitikAwak dewe gawe suasana bengi iki
                    seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono jin-jin sing lagi kerja ngira lek
                    isuk wis teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali naburake kembang-
                    kembang.”
Dayang Ide ingkang bagus,Putri. Karongono, Bandung pasti ora bias marikake
                gawean kuwi.”                
Jonggrang Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne wong wong!.
Dayang “Inggih ndara.nyuwun sewu.
          Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan ing ndesa iku. Wedokan
mau dikonkon numbuk padi lan mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin: Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!awakdewe kudu cepet  ngaleh iki.Yen ora,awake dhewe engko iso angus!Weleh..weleh..
Tapi,piye karo penggawean iki. Candi sing didekno kurang siji engkas.Bandung ya ing endi iki?”
          Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne .Ora suwe maneh
Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu sing rame, srengenge wis muncul , pithik
jago , para wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang kabeh.Ndeleng
keaadan kuwi BandungBondowoso. Ing esuk, Bandung nekaniJonggrang.
Bandung Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti, saiki rabio karo aku.”
Jonggrang Oh ya?sing bener? Apa kowe wis bisa gaweanke aku sewu candi?”
Bandung Tentu wae tresnoku?”
Jonggrang: Aku ora percaya.
Bandung: kowe ora percaya? Dhelengen iki itungen candi-candi kuwi.

Jonggrang: “oke. Tapi iling janjimuyen candi kuwi kurang teko sewu, berarti
                   kowe batal ngolehake aku, Bandung.
          Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-balik ngitung
Jonggrang ngomong.
Jonggrang sepurane Bandung, uwis dak itung, candi sing kok gawe kurang siji.”
Bandung Hah?sing tenan.kowe pasti salah ngitung.”
Jonggrang : aku uwis bola bali ngitung, nanging hasile padaJumlah candi iki
                   mung 999 .”
Bandung : “yawis, kan mung kurang sak buahuwis ana 999 buah.  Engko bakal  
                   dak gawekake maneh. Tapi sak uwise kowe rabi karo aku.
Jonggrang : “ora, Bandung. Janjine dudu kaya ngono! Kowe uwis gagal menuhi
                      janjimu. Dadi minggato saka uripku. Ojo nyideki akuUtawa aku
                    sing bakal minggat.”
Bandung Ha?sak wise aku nggawe 999 candiapa mung iki balesanmu
                    Jonggrang”
Jonggrang Iyo.kowe pingin apa maneh!! (nyentakakonono yen kowe uwis kalah wong elek.”
Bandung Jonggrang!!wanine kowe ngenyek aku!
Jonggrang : “pancen ngono toh nyatane!

Bandung Jonggrang!! Kowe wis nggawe aku ngamuk! Ket mau aku wis nyobak
                   gawe sabar gawe ngentukake kowe , tapi percuma ae pengorbananku
                   iki. Ora papa aku ora ngentukne awakmu! Candi iki pancen kurang siji
                   , lan sakjane sing pantes ngelengkapi ya mung kowe tok! Dadi kowe
                   Candi Jonggrang dadio hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang Aaaaahhh !!!!!!!!!!
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung.

sumber :